Universitas Negeri Semarang

SELAMAT DATANG PARA PEMBACA. Bekerjalah dengan hatimu melalui KONTRIBUSI DAN PENGABDIAN TERBAIK serta gunakan segala potensi yang anda miliki. Pada saat itu anda tidak akan merasa BEKERJA. karena setiap TINDAKAN adalah pilihan YANG MENDATANGKAN KEBAHAGIAAN.

Jumat, 24 Agustus 2012

IDUL FITRI 1433 H

 
Alhamdulillah Monggo Muji Lan Syukur
Dateng Ngarsane Allah Kang Moho Luhur
Ngamal Ibadah Poso Kito Wus Mungkur
Kito Saget Ngelampahi Tanpo Udzur

Kito Saget Sholat Kanthi Berjama’ah
Saget Poso Jangkep Ugi Zakat Fitrah
Mugi Allah Kang Kagungan Sifat Murah
Nerimo Dateng Sedoyo Amal Ibadah

Sak Meniko Sampun Dugi Wulan Syawal
Sumonggo Kito Isi Halal-Bihalal
Soho Ngatah-Ngatahaken Dateng Amal
Ingkang Sholeh Kangge Pembinaan Mental

Dulur Muslim Ojo Nganti Ketinggalan
Iki Jamane Wis Zaman Kemajuan
Ati Podo Diisi Taqwa Lan Iman
Ojo Nganti Keno Pengaruhe Syetan

Nopo Maneh Pendidikan Dateng Putro
Monggo Ditingkatne Ojo Nganti Sudo
Pendidikan Ilmu Umum Lan Agomo
Ingkang Saget Mbuwahne Budi Utomo


Ono Paribasan Jowo Sing Nembungne
Kacang Mrambat Manut Maring Lanjarane
Putro Apik Utowo Olo Tingkahe
Tergantung Maring Wong Tuwo Sing Ngarahne

Saben Manungso Iku Lamun Wis Mati
Sakabehe Amal Putus Tanpo Arti
Nanging Amal Lan Ilmu Kang Manfaati
Dungone Anak Sholeh Duwe Pakerti

Mugo-Mugo Gusti Allah Ngijabahi
Dateng Penyuwun Kito Rino Lan Wengi
Paring Amal Lan Ilmu Kang Manfaati
Keno Kanggo Sangu Besok Yen Wis Mati

Tidak ada komentar:

Posting Komentar